Tuesday 28 March 2017

Soal Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2: Panganan

A. Wacanen wacan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone!

Ngrungokake Pacelathon



Dina : "Damel menapa, Bu? Ambete sedhep sanget."
Ibu   : "Iki gawe samarinda. Kanggo nyamikan mengko sore."
Dina : "Samarinda? Niku kutha ten Pulo Kalimantan ta, Bu?"
Ibu   : "Ya pancen ing Pulo Kalimantan ana kutha sing jenenge Samarinda, nanging iki dudu iku maksude."
Dina : "Lajeng menapa?"
Ibu   : "Iki panganan saka nangka kang diwenehi gandum banjur digoreng."
Dina : "Wo, nangkane wonten sing mateng malih?"
Ibu   : "Iki tunggale nangka wingi kae. Nangka gedhe banget tak iris-iris banjur dicaosake tangga teparo. Sabagean wis dha dimaem wingi, iki turahane dakgoreng."
Dina : "O, inggih. Kok ndadak digoreng, Bu. Didhahar ngaten kemawob lak nggoh eco."
Ibu   : "Kareben ora bosen. Yen mangkene kang wujude wis beda."
Dina : "Inggih sae menika. Ambete inggih langkung arum. Kula ngicipi nggih, Bu."
Ibu   : "Iya, kene icipana. Banjur jupukna piring kanggo wadhah sing wis mateng."

1. Apa kang lagi ditindakake dening ibu?

2. Digawe saka apa panganan kang aran samarinda iku?

3. Ana pulo ngendi dununge Kutha Samarinda iku?

4. Sapa wae paraga ing pacelathon iku?

5. Kepriye carane gawe samarinda?

B. Wanehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Ing ngisor iki knag kalebu panganan tradhisional, yaiku ...
    a. roti bakar
    b. lapis legit
    c. gethuk goreng
    d. piza

2. Kembang jagung arane ...
    a. maya
    b. sinuwun
    c. karuk
    d. diongop

3. Jagung bakar digawe saka jagung kang ...
    a. enom
    b. tuwa
    c. garing
    d. wis dipipil

4. Latare simbah amba.
    Tembung amba padha tegese karo ...
    a. ciyut
    b. jembar
    c. reged
    d. njembrug

5. Dian: "Ibu masak menapa?
                Ambete sedhep banget."
    Tembung ambete basa ngokone ...
    a. rasane
    b. ambune
    c. wernane
    d. wujude

6. Nangka diwenehi gandum banjur digoreng arane ...
    a. randha royal
    b. samarinda
    c. blanggreng
    d. timus

7. Mendhoan digawe saka ...
    a. dhele
    b. gandum
    c. kacang
    d. gedhang

8. Thiwul iku panganan khas saka ...
    a. Cilacap
    b. Madiun
    c. Wonogiri
    d. Sala

9. Panganan tradhisional uga diarani ...
    a. panganan ndesa
    b. panganan kuna
    c. jajanan pasar
    d. jajanan murah

10. Ngelmu iku kalakone kanthi laku
      Lekase lawan kas
      Tegese kas nyantosani
      Setya budya pangekese dur angkara
      
      Tembang macapat ing dhuwur kalebu tembang ...
      a. pangkur
      b. pocung
      c. sinom
      d. dhandhanggula

11. Bapak pocung amung sirah lawan gembung
      padha dikunjara
      mata sajroning ngaurip
      mijil baka si pocung dadi dahana
      
      Tembang pocung ing dhuwur batangane ...
      a. gajah
      b. sepur
      c. rante
      d. penthol rek

12. Papan kanggo mlakune sepor diarani ...
      a. dalan
      b. rel
      c. sawah
      d. tegalan

13. Piranti kanggo nggoreng, yaiku ...
      a. ceret
      b. tampah
      c. wajan
      d. dandang

14. Kendhi iku wadah ...
      a. sega
      b. wedang
      c. wajan
      d. dandang

15. Pawongan kang gaweane dodol ana pasar arane ...
      a. tani
      b. sodagar
      c. kusir
      d. bakul

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanggo tembung kang mathuk!

1. gethuk-Ibu-damel-tumbas-kangge-pohung
    Tembung ing dhuwur yen ditata dadine ...

2. Gamane pitik jago arane ...

3. Timus digawe saka ...

4. Kembang pohung sarane ...

5. Kewan kang dianggo nggered andhong, yaiku ...

6. Pring enom arane ...

7. Dawa kaya ula.
    Guru wilangan ukara ing dhuwur, yaiku ...

8. Papan kanggo dol tinuku samubarang diarani ...

9. Telat mlebu sekolah iku kalebu pakulinan kang ...

10. Andi ora sarujuk nalika Bagas ngusulake supaya mbolos.
      Sarujuk tegese ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Simbah seneng mangan thiwul.
    Kramakno ukara ing dhuwur!

2. Dita: "Gandum, wortel, kecambah, kobis, endhog, bawang diuleg, lan uyah. Kaneh dicampur dadi siji nganti carup tenan. Banjur dicithaki nganggo irus nalika nggoreng."

    Dita arep mangsak apa?

3. Aranana jenenge kembang ing ngisor iki!
    a. randhu
    b. kacang
    c. gembil

4. Dita gawe panganan. Panganane saka glepung diwungkusi godhong nganggo godhong gedhang. Ing tengahe ana gedhange. Sawise dadi rasane gurih tur legi.
     
     Apa arane panganan kang digawe dening Dita?

5. Apa arane juru masak ing restoran?

Kunci Jawaban:

A.
1.
2.
3.
4.
5.

B.
1. C
2. B
3. A
4. B
5. B
6. B
7. A
8. C
9. C
10. B
11. D
12. B
13. C
14. B
15. D

C.
1. Ibu tumbas pohung kangge damel gethuk
2. Jalu
3. Tela
4. Ingklik
5. Jaran
6. Bung
7. 6
8. Pasar
9. Ala
10. Setuju

D.
1. Simbah remen dhahar tiwul
2. Bakwan
3. a. karuk
    b. besengut
    c. seneng
4. Nagasari
5. Koki

No comments:

Post a Comment