Monday 27 March 2017

Soal Ulangan Harian dan Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 3 Semester 2: Olahraga

A. Wacanen wacan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone!

Mlayu-Mlayu


        Dina Minggu esok, aku metu saka omah. Dina iku aku karo kanca-kanca padha janjian arep olahraga mlayu-mlayu bebarengan. Olehe olahraga lapangan cedhak omahe Bagas. Sing wis padha saryjuk menawa arep olahraga bareng ana bocah lima, yaiku aku, Bagas, Akbar, Nita, lan Juwi. Pancen olahraga bebarengan ing dina Minggu wis kerep ditindakake.
       Kira-kira jam enem, Nita, Juwi lan Bagas padha ngampiri aku. Aku sakanca enggal-enggal mangkat menyang lapangan. Saka omahku wis wiwit mlayu sithik-sithik. Satekane lapangan, aku sakanca banjur mlayu ngubengi lapangan. Ing papan iku wis akeh kang padha nindakake olahraga. Ing kono ana kang pit-pitan, badminton, bal-balan, mlaku-mlaku, lan ana uga kang mlayu-mlayu kaya aku sakanca. Akeh kang padha nindakake olahraga bebarengan sakulawarga.
           Sawise ngubengi lapangan kaping papat, aku sakanca banjur padha leren. Lunguh ing pinggir lapangan karo mimik banyu putih kang digawa saka omahe dhewe-dhewe. Mimik bnayu putih iku uga becik kanggone kasarasan. Mula aku sakanca sangu banyu putih, lan ora jajan saenggon-enggon. Iku maw sarana kanggo njaga kasarasane awak.

1. Sapa kang nyaritakake kagiyatane?

2. Ana ngendi olehe padha olahraga?

3. Olahraga apa wae kang ditindakake ing papan iku?

4. Sapa wae kancaku kang nindakake olehraga bebarengan?

5. Apa kang padha diombe nalika ngelak?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Pit iku mlakune kanthi cara ...
    a. disurung
    b. nganggo mesin
    c. digenjot
    d. digeret

2. Kok iku piranti kang digawe saka ...
    a. karet
    b. wesi
    c. plastik
    d. wulu

3. Saben dina, Dita mangkat sekolah numpak pit. Olehe mangkat bebarengan kancane. kabeh padha numpak pit. Olehe mlaku ana pinggir. Kabeh ngepit kanthi tertib.
Ringkesan kang trep kanggo cuplikan wacan ing dhuwur, yaiku ...
    a. Dita saben dina mangkat sekolah
    b. Dita sekolah numpak pit
    c. Dita numpak pit kanthi digenjot
    d. Dita numpak pit ana pinggir

4. Sari: Seminggu kaping telu aku mlayu-mlayu ngubengi stadion. Iku tak tindakake kanthi seneng, amarga oleharga iku pancen kasenenganku. Ing njero stadion iku ana maneka warna sarana olahraga, kayata nglangi, badminton, tenis, lan sapiturute.
Olahraga kasenengane Sari, yaiku ...
     a. badminton
     b. pit-pitan 
     c. mlayu-mlayu
     d. nglangi

5. Dito sakancane padah tandhing bal-balan.
    Tandhing bal-balan ditindakake ing ...
    a. lapangan
    b. dalan
    c. kolam
    d. kali

6. Kok, raket, lan net iku kabeh piranti kanggo olahraga ...
    a. voli
    b. basket
    c. badminton
    d. pingpong

7. Saben sore aku olahraga
    Bal balan karo kanca
    Mlayu, nepang, lan gegojegan
    Ati seneng awak saras
    Irah-irahan kang trep kanggo geguritan ing dhuwur, yaiku ...
    a. resikan
    b. sekolah
    c. olahraga
    d. kluwarga

8. Gunung Lawu mapane ing antarane Provinsi Jawa Tengah karo ...
    a. Jawa Timur
    b. DI Yogyakarta
    c. Jawa Barat
    d. DKI Jakarta

9. Ngepit bebarengan kanca ing dalan becike ...
    a. karo gegojegan
    b. jejer telu-telu
    c. ana pinggiran
    d. karo balapan

10. Pengalaman pribadi iku pengalaman kang dialami dening ...
      a. wong liya
      b. wong akeh
      c. awake dhewe
      d. tangga teparo

11. Menawa ana kanca kag lagi nyritakake kasenengane becike ...
      a. ngrungokake
      b. ngalih
      c. maido
      d. meneng wae

12. Simbah lenggah kendel wae, bareng tak inguk jebul sare.
      Kendel basa ngokone ...
      a. wani
      b. jirih
      c. meneng
      d. ora wedi

13. Tanduran kang uripe ing banyu, yaiku ...
      a. kaktus
      b. teratai
      c. mawar
      d. lombok

14. Dian kembung, saiki didhawuhi mimik obat.
      Sing kembung iku ...
      a. sirahe
      b. wetenge
      c. sikile
      d. tangane

15. Sing disaba si pocung mung turut kutha.
      Ukara ing dhuwur iku cakepan tembang ...
      a. maskumambang
      b. mijil
      c. pocung
      d. pangkur

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

1.









     Piranti iku gunane kanggo olahraga ...

2. Tetandhingan bal-balan dipandhegani dening ...
 
3. Sadurunge olahraga becike nindakake ...

4. Sirahe Andi kena bal, saiki krasa ...

5. Danti putrane Pak Sandi sing lair keri dhewe. Danti diarani anak ...

6. Matur marang simbah migunakake basa ...

7.








    Piranti iku gunane kanggo olahraga ...

8. Sawise olahraga bocah-bocah padha ...

9.

   Atine Andi ... amarga kasih dadi juwara

10. Nalika oglangan ing wayah wengi, omahku dadi peteng ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Andi nyiapake kanca-kancane ing lapangan. Kabeh banjur baris. Tangane banjur didhaplangane. Andi mimpin kancane senam kanggo pemanasan. Sawise rampung, Pak Guru wiwiti piwulangan.

Piwulangan apa kang ditampa Andi sakanca?

2. Santi nganggo kaos, kathok training, lan sepatu. Sebanjure njupuk raket lan kok. Sawise pamit wong tuwane, Santi nyandhak pit banjur mangkat menyang stadion.

Gawea ringkesan saka wacan ing dhuwur!

3. Olahraga apa wae kang gegayutan karo bal?

4. Bal-balan yaiku salah sijine olahraga kang bisa gawe awake dadi sehat. Ora mung kuwi, bal-balan uga bisa gawe sikile dadi kuat lan ora cepet ketaman lelara. Bal-balan iku bisa ditindakake ing ngarep omah utawa ing lapangan lan uga bisa nganggo sepatu olahraga utawa sepatu liyane. Olahraga bal-balan uga bisa gawe rasa kompak marang sakregune.

Apa isisne wacan ing dhuwur?

5. nggawa-menyang-sawah-pakdhe-rabuk
    Kepriye tatanane pratelan ing dhuwur kareben dadi ukara kang becik?

Kunci Jawaban:

A.
1. Aku
2. Ing lapangan secedhak omahe Bagas
3. Pit-pitan, badminton, bal-balan, mlaku-mlaku, lan mlayu-mlayu
4. Bagas, Akbar, Nita, lan Juwi
5. Banyu putih

B.
1. C
2. D
3. B
4. C
5. A
6. C
7. C
8. A
9. C
10. C
11. A
12. C
13. B
14. B
15. C

C.
1. Bal-balan
2. Wasit
3. Pemanasan
4. Mumet
5. Wuragil
6. Krama
7. Tenis
8. Kringeten
9. Bungah
10. Dhedhet

D.
1. Olahraga
2. Santi mangkat olahraga. (Kawicaksanaan guru)
3. Bal-balan, basket, lan voli
4. Bal-balan bisa gawe awak sehat lan kuat
5. Pakdhe nggawa rabuk menyang sawah.

   

2 comments:

  1. 私の名前はミス・ボラです。私は夫と5年間結婚しました。今年は、彼がこの女の子に会った出張でオーストラリアに行ったときではなく、幸せに暮らしました。それ以来、彼は私、子供たちを憎み、彼女だけを愛しています。それで、私の夫が旅行から戻ってきたとき、彼はもう私と私の子供たちに会いたくないと言ったので、彼は私たちを家から追い出し、今オーストラリアに行って他の女性に会いに行きました。ですから、子供たちと私は今とても欲求不満で、私は母と一緒でした。父の死後、母が別の男性と結婚したため、私はうまく行動しませんでした。そのため、彼女が結婚した男性は彼女をうまく扱いませんでした。私の子供たちはとても混乱していて、私は夫をとても愛し、大切にしているので、夫を家に帰す方法を探していました。ある日、コンピューターを閲覧しているときに、このスペルホイールのDr.Pellarの証言を見ました。オンラインの女性を共有し、それは私に多くの感銘を与えました、私もそれを試してみようと思っています。最初は怖かったのですが、子供たちや子供たちが何をしているのかを考えると、彼に連絡すると、夫が戻ってくるように、24時間だけ静かに働くように言われました。 2日目に夫から子供たちに電話があり、ペラー博士に電話したところ、あなたの問題は私の子供のために解決されたと彼は言った。ですから、このようにして、邪悪な女性が長い間ストレスを感じなくなった後、家族を連れ戻しました。ペラー博士の助けを借りて、このフォーラムに参加して、ペラー博士に心から感謝します。そのようなまたは同様の問題または問題に直面している人へのアドバイスだけでなく、彼の電子メールにも連絡する必要があります。メールアドレスはdrpellar@gmail.comです
    ITはフォローアップを専門としています。
    {1)前者を元に戻したい場合。
    (2)あなたがいつも悪い夢を持っているなら。
    (3)オフィスで昇進したい場合。
    (4)女性/男性を追いかけたい場合。
    (5)子供が欲しい場合。
    (6)金持ちになりたいなら。
    (7)夫/妻を永遠にあなたのものにしたい場合。
    (8)財政援助が必要な場合。
    (9)あなたがどのように詐欺であり、あなたのお金を取り戻したいか。
    (10)離婚を終わらせたい場合。
    (11)男性と離婚したい場合。
    (12)あなたの願いが叶うことを望むなら。
    (13)出産時の妊娠
    (14)どの段階であっても、心配する訴訟や離婚に勝つようにしてください
    (15)離婚または関係。
    (16)(H I V)、(Cancer)などの病気、またはその他の病気がある場合。
    (17)子供や自分自身を解放するために祈りが必要な場合。
    (18)糖尿病を治し、ヘルペスを治し、HIVとAIDSを治し、乳がんを治し、そして癌を治したい、
    何か問題があれば、彼があなたを助けてくれるので、もう一度彼に連絡してください。彼のメールアドレスはdrpellar@gmail.comです

    ReplyDelete
  2. Kepiye aku bisa ngrampungake akun karo bojoku kanthi pitulung saka panulis Dr.Sango, aku umur 47 taun karo telung anak, sawijining esuk udakara 8 wulan kepungkur, bojoku mung tangi saka kasur lan sing liyane ujar yen kudu ngrampungake dheweke wis ora minat karo perkawinan, tembung-tembung kasebut ngimbangi aku lan aku meh semaput, aku ngapusi dheweke lan aku takon apa sing kedadeyan, nanging dheweke ora gelem ujar apa-apa, ing wulan sing padha lunga saka omah lan aku ditinggal karo bocah-bocah lan tulus iku ora gampang kanggo aku, malah marang sedulur-sedulurku kanggo mbantu aku ngapura yen aku ora ngerti salah lan kabeh kesenengane dadi kuping. Aku golek pitulung saka platform liyane, nanging kabeh gagal nganti aku maca artikel babagan wong spiritual - panulis jenenge Dr.Sango, aku nerangake masalahe marang dheweke lan dheweke menehi aku menehi sawetara informasi sing dakwenehake, dheweke crita marang aku yen pria kasebut ora duwe pikiran sing bener yen dheweke dimanipulasi dening wong wadon liya, mula dheweke njaluk pegatan nanging dheweke ngandhani supaya ora kuwatir yen sawise telung dina kabeh rasa kuwatir bakal rampung lan aku bakal paling kaget ejaan sing diucapake dening Dr.Sango, bojomu ngundang dheweke bali ing omah lan malah takon suwene dheweke adoh saka omah, aku seneng banget yen bebrayan iki disimpen dening panulis hebat sing diarani Dr.Sango, pegatan ora nate kelakon, aku entuk promosi ing papan kerja, kabeh ing uripku dadi penulis sing apik lan apik Dr.Sango kudu matur nuwun kabeh iki. Yen sampeyan nemoni masalah perkawinan, yen sampeyan nggoleki janin uterus, yen sampeyan pengin pulih mantan kekasih, yen pengin nomer lotre sing seneng, yen mbutuhake mantra perlindungan, mantra kanggo bandha, lan liya-liyane. Bebas bae kanggo hubungi Dr.Sango kanggo kerja mantra lan sampeyan bakal seneng banget amarga kabeh kepinginan atimu bakal wareg. Sampeyan bisa ngubungi dheweke liwat email. Email: spellspecialistcaster937@gmail.com

    ReplyDelete