Monday 27 March 2017

Soal Bahasan Jawa dan Kunci Jawaban Kelas 3 Semester 2: Pakulinan

A.  Wacanen geguritan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone!

                                                Pit Onthelku
                                              dening: Sayekti
             
        Pit onthelku ...
        Pit onthelku wrna biru
        Rega tanpa playu
        Tansah ngancani lakuku
        Nadyan tanpa mplayu
        Awan bengi tanpa wedi
        Pit onthelku ...
        Sliramu isih setya nggendhong awak
        Kaya tresnane bapak marang anak
        Tanpa jaluk opah
        Nanging wani nandhang susah

1. Apa werna pit onthele mau?

2. Ing larik nomer pira kang ana tembung payu?

3. Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur?

4. Kaya apa tresnane bapak marang anak?

5. Sapa kang nganggit geguritan ing dhuwur?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Kewan kang kluruk saben esuk, yaiku ...
    a. kucing
    b. jago
    c. menthog
    d. pitik

2. Kang kelebu pakulinan becik, yaiku ...
    a. mangkat sekolah jaluk diterake
    b. sekolah kudu disangoni
    c. tangi ing wayah esuk
    d. mampir dolan nalika mulih sekolah

3. Piranti kanggo nyapu latar, yaiku ...
    a. sapu uduk
    b. sapu sada
    c. sulak
    d. ikrak

4. Piranti resik-resik kang bisa digawe saka tali rafia, yaiku ...
   a. sapu uduk
    b. sapu sada
    c. sulak
    d. ikrak

5. Kaya pitik jagone kae
    Kang nggawe aku bisa
    Tangi esuk
    Geguritan iku nyritakake babagan ...
    a. wayah esuk
    b. tangi esuk
    c. pitik jago
    d. swarane pitik

6. Kang ngoceh ing wayah esuk, yaiku ...
    a. manuk
    b. bayi
    c. sapi
    d. bebek

7. Simbahku lara untu.
    Ukara ing dhuwur basa kramane ...
    a. simbahku lara waja
    b. simbahku gerah waja
    c. simbah kula gerah waja
    d. simbahku gerah untu

8. Ibuku mususi ing sumur.
    Mususi tegese ...
    a. asah-asah
    b. ngumbah klambi
    c. ngumbah beras
    d. siram

9.











     Santi mangkat sekolah sarana ...
    a. numpak angkot
    b. diterake ibune
    c. mlaku karo kancane
    d. numpak pit

10. Atiku bungah yen krungu babagan iku.
      Tembung bungah tegese ...
      a. seneng
      b. nelangsa
      c. sengsara
      d. ajrih

11. Supaya pinter kudu sregep ...
      a. dolan
      b. olahraga
      c. resik-resik awak
      d. sinau

12. Kosok balene tembung becik, yaiku ...
      a. sae
      b. pethakilan
      c. ala
      d. apik

13. Saben esuk Ani ngrewangi ibune ... ing dhapur.
      Isine ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ...
      a. masak
      b. ngepel
      c. nyapu
      d. ngresiki meja


14. Dian mplaku kanthi tumungkul, sajake dheweke rumangsa ...
      a. seneng
      b. mongkog
      c. isin
      d. lara

15. Sawise tang turu becike enggal ...
      a. sarapan
      b. mangkat sekolah
      c. nggarap PR
      d. nata paturon

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

1. Kosok balene sregep, yaiku ...

2. Ibune Andin iku adhine ibuku, mula olehku ngundang ...

3. Bocah kang sabendina tangi ing wayah esuk banjur mbiyantu wong tuwane diarani ...

4. Sapu, sulak, lan pel iku kalebu piranti kanggo resik-resik ...

5. Papan jembar ing ngarep omah kang ora ana tandurane diarani ...

6. Supaya resik latare kudu ...

7. Papan kang resik menawa dipanggoni rasane ...

8. Piyik iku arane anak ...

9. Mangan ing wanci esuk arane ...

10. Menawa duwe ingon-ingon ora kena lali menehi ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Andika pancen pinter. Saben semester mesthi dadi juwara ing kelas. Prestasine Andika iku asil saka upayane. Saliyane ing sekolahan tansah nggatekake narang gurune, ing omah dhewekw uga sregep sinau. Saben awan tansah mbaleni piwulangan dina iku lan nggarap menawa ana PR. Dene ing wayah bengi sinau kanggo piwulangan ing dina candhake.

Gawea ringkesan saka wacan ing dhuwur!

2.












   Apa kang lagi ditindakake dening Sari?

3.  Apa bae kang dibutuhake nalika sinau?

4. Critakno sawijining pengalamanmu kang nyenengake!

5. Kahanan apa kang ora disenengi dening wong kang seneng resik-resik?


Kunci Jawaban :

A.
1. Werna biru
2. Ing larik nomer 3
3. Pit Onthelku
4. Ora jaluk opah nanging wani nandhang susah
5. Sayekti

B.
1. B
2. C
3. B
4. C
5. B
6. A
7. C
8. C
9.D
10. A
11. D
12. C
13. A
14. C
15. D

C.
1. Kesed
2. Bu lik
3. Sregep
4. Omah
5. Latar/ plataran
6. Disapu
7. Kepenak
8. Manuk
9. Sarapan
10. Pakan lan ngombe

D.
1. Andika pancen bocah pinter saben semester dadi juwara kelas. Andika pancen sregep , ing sekolahan apa dene ing omah. (Kawicaksanaan guru)
2. Mbeksa
3. Buku utawa cathetan kang disinau, kertas, pulpen utawa petelot, papan kang padhang, palungguhan kang kepenak, lan meja/ kawicaksanaan guru
4. Kawicaksanaan guru
5. Reged




Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...


No comments:

Post a Comment