Monday 10 April 2017

Soal Bahasa Jawa dan Kunci Jawaban Kelas 2 Semester 2: Sato Kewan

Soal Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Sato Kewan

A. Wacanen wacan iki banjur wangsulana pitakone!


                             Ingon-Ingon

Aku duwe ingon-ingon
Ingon-ingon manuk, cacahe ana telu
Sing siji manuk trocok, sing loro kenari
Saben esuk kandhange dakresiki
Omben lan pakane dakganti
Saben aku teka, manukku padha ngoceh
Sajak tresna mapakake tekaku

Pitakon:
1. Kewan apa kang diopeni?
2. Ana pira cacahe ingon-ingone?
3. Apa wae ing0n-ingone?
4. Apa kang ditindakake saben esuk?
5. Kepriye ingon-ingonku saben aku teka?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Carita babagan kewan arane ...
    a. fabel
    b. legendha
    c. komik

2. Aku dhek wingi menyang Gembira Loka.
    Kang dikandakake iku babagan ...
    a. pepinginan
    b. pengalaman
    c. kasusahan

3. Sikile gedhe-gedhe
    Kupinge amba
    Irunge dawa
    Kewan kang dikarepake yaiku ...
    a. macan
    b. unta
    c. gajah

4. Woh-wohan kulite ana erine.
    Daginge rupane kuning.
    Isine arane pongge.
    Woh-wohan kang dikarepake yaiku ...
    a. sawo
    b. duren
    c. sirsat

5. Kewan kang dilindhungi dening pamarentah yaiku ...
    a. komodo
    b. bebek
    c. kenari

6. Kang unine meong-meong yaiku...
    a. menthog
    b. gajah
    c. kucing

7. Sakdurunge mangkat sekola kudu ... marang wong tuwa.
    a. nyuwun sangu
    b. pamit
    c. sarapan

8. Manawa duwe ingon-ingon kudu tansah diwenehi ...
    a. pakan
    b. kanca
    c. endhog

9. Kewan kang bisa nglangi yaiku ...
    a. bebek
    b. kucing
    c. pitik

10. Kang kalebu pala kependhem yaiku ...
      a. kates
      b. melon
      c. pohung

11. Budi nandur wiji lombok ing ... sisih kulon omah.
      a. kamar
      b. sumur
      c. kebon

12. Tanduran kang mrambat diarani ...
      a. palawija
      b. pala kasimpar
      c. pala kependhem

13. Anak menthog arane ...
      a. beldug
      b. cemeng
      c. minthi

14. Tanduran Pak Abdullah diwenehi ... supaya subur.
      a. obat
      b. suket
      c. rabuk

15. Adhiku makani pitik nganggo ...
      a. jagung
      b. daging
      c. bayem

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!

1. Kewan kang kaya kadhal nanging gedhe arane ...

2. Kewan kang senengane mencok ing papan reged lan bisa njalari lara weteng yaiku ...

3. Melon iku kalebu ...

4. Lombok ditandur saka ...

5. Gamane jago arane ...

6. Tlale iku ... gajah.

7. Pak tani nyebar gabah ing pinihan.
    Pak tani arep nandur ...

8. Iwak iku uripe ing ...

9. Wong penggaweane ngopeni gajah arane ...

10. Kewan sikil papat kang gulune dawa yaiku ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Aranana woh-wohan kang kulite ana erine!

2. Ana ula ing ngisor kreteg.
    Ukara ing dhuwur tulisen nganggo aksara jejeg sambung!

3. Kandhakna kang kongerteni babagan jaran!

4. Bapak tuku rabuk sekilo.
    Ukara ing dhuwur dadekno basa krama!

5. Aranana woh-wohan kang ngandhut vitamin C!

Kunci Jawaban:

A.
1.  Manuk
2. Telu
3. Manuk trocok siji lan kenari loro
4. Ngresiki kandhang uga menehi omben lan pakan
5. Manuke padha ngoceh


B.
1. A
2. B
3. C
4. B
5. A
6. C
7. B
8. A
9. A
10. C
11. C
12. B
13. C
14. C
15. A

C. 
1. komodo
2. laler
3. pala kasimpar
4. wijine
5.jalu
6. irunge
7. pari
8. banyu
9. srati
10. jerapah

D. 
1. Duren, sirsat, nanas (Kawicaksanaan guru)
2. Kawicaksanaan guru
3. Kawicaksanaan guru
4. Bapak mundhut rabuk setunggal kilo
5 Jeruk lan jambu abang (kawicaksanaan guru)


Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...

No comments:

Post a Comment