Monday 17 April 2017

Soal Ulangan Harian dan Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2: Olahraga

A. Wacanen wacan ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone!

Minggu Esuk


        Saben dina minggu aku ndherek Bapak lan Ibu senam ing alun-alun kutha. Mangkate bebarengan numpak sepedha. Pancen menawa dina Minggu esuk watara jam 5.00 tumeka jam 9.00 dalan gedhe ing tengah kutha ora oleh diliwati motor. Ing wanci iku dalan tengah kuta apa dene alun-alun padha digunakake para warga kanggo olahraga. Saliyane kanggo olahraga, ana uga warga kang mung mlaku-mlaku golek sarapan, amarga ing wanci car free day ing papan kono pancen akeh wong dodol panganan. Sing senam uga akeh lan rame. Alun-alun sisih wetan sing ana dolanan bocah-bocah biyasane ditata kanggo para ibu lan bocah-bocah. Dene alun-alun sisih kulon sing ana lapangane bal ditata kanggo bapak-bapak. Instrukture khusus diundangake saka persatuan guru olahraga sakecamatan.
              Rampung salat Subuh, Bapak biyasane nyiapake sepedha, dene ibu gawe susu karo nyiapake nyamikan. Aku nyiapake sepatu, anduk, topi, lan sapiturute. Bapak paling seneng sing keri dhewe amarga aku biyasane tangi keri dhewe.
             Esuk iki beda karo adate, Bapak siram luwih esuk. Bapak ngersakake lari ngupengi alun-alun sadurunge senam. Semono uga ibu, piyambake ngersakake ngampiri Budhe karo Mbak Nisa. Mula kabeh padha kesusu. Aku sing ora kesusu, amarga mesthi pilih adus keri dhewe. Ngenteni giliranku adus, aku leyeh-leyeh, mengko ndak keturon. Aku manthuk nanging ora menyat saka sofa.
            Dumakakan keprungu swara thing thong thing thong ........... Swara jam dinding omahku. Aku kaget banjur njenggirat tangi. Omah sepi ora ana kemliwere Bapak Ibu, uga ora keprungu swara sing lagi siram utawa ngendikan. Aku banjur celuk celuk Ibu lan Bapak gentenan, nanging ora ana wangsulan. Alon-alon aku mlaku lan nginguk jam dinding, jebul wis jam pitu. Pantes wae sepi, jebul aku ditinggal menyang alun-alun. Aku rada gela nanging kepriye maneh, kabeh wis kebacut.

1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?

2. Ana ing ngendi mapane senam pagi iku?

3. Saka ngendi instrukture senam pagi iku?

4. Apa kang biyasa ditindakake Bapak sabubare salat subuh?

5. Apa kang kedadean esuk iku?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Wong kang ajeg nindakake olahraga awake dadi ...
    a. sehat
    b. lemu
    c. kuru
    d. gedhe

2. Dolanan kang uga kalebu olahraga yaiku ...
    a. kasti
    b. senam
    c. nglangi
    d. mlayu

3. Ibu ngagem kaos lan clana trening sajake arep ...
    a. jagong
    b. tindak kantor
    c. olahraga
    d. sare

4. Raden Gathutkaca bisa mabur amarga ngagem ...
    a. swiwi
    b. caping basunanda
    c. trumpah madukacerma
    d. kepel brajadhenta

5. Garwane Raden Gathutkaca yaiku ...
    a. Dewi Kunthi
    b. Dewi Arimbi
    c. Dewi Wara Sembadra
    d. Dewi Pergiwa

6. Simbah ngutus Mamad nandur tomat ing mburi omah.
    Ngutus tegese padha karo ...
    a. ngrewangi
    b. menging
    c. mriksani
    d. dhawuh

7. Manawa gawe layang pamit ora kena migunakeke ...
    a. subasita
    b. kertas reged
    c. krama inggil
    d. pulpen

8. Ing ngisor iki kalebu olahraga kang ora nganggo piranti, yaiku ...
    a. badminton
    b. basket
    c. bal-balan
    d. mlayu

9. Tembang macapat kang bisa digawe cangkriman, yaiku ...
     a. Gambuh
     b. Kinanthi
     c. Pocung
     d. Asmarandana

10. Kasatriyane Raden Gathutkaca yaiku ...
      a. Jodhipati
      b. Amarta
      c. Alengka
      d. Pringgondani

11. Dalan Slamet Riyadi alus banget.
      Dalan kramane ...
      a. merga
      b. mergi
      c. krana 
      d. muga

12. Kang paugerane 12u, 6a, 8i, 12a, iku tembang ...
      a. Durma
      b. Pocung
      c. Gambuh
      d. Dhandhanggula

13. Ing ngisor iki kang nyaritakake pengalaman yaiku ,,,
      a. Aku sesuk arep piknik ,menyang Gembira Loka lan Parang Tritis.
      b. Prei unggah-unggahan mengko aku diajak dolan menyang Jatim Park.
      c. Dhek minggu aku mancing karo Bapak lan Ibu.
      d. Suk yen wis gedhe aku kepingin dadi pilot.

14. Menawa simbah nembe ngendikan ora pareng ...
      a. ngrungokake
      b. nyelani
      c. mirengake
      d. meneng

15. Karanganyar, 17 April 2017.
      Perangan layang ing dhuwur arane ...
      a. adangiyah
      b. titimangsa
      c. purwaka basa
      d. wasana basa

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi tembung kang trep!

1. Arimbi Atmaja iku dasanamane ...

2. Raden Gathutkaca kawentar otot kawat balung wesi, kanggo ngandhakake menawa ora tedhas dening ...

3. Sanajan tanpa swiwi, nanging Raden Gathutkaca bisa ...

4. Andi mlayu mubeng lapangan kaping telu saiki ... menggeh-menggeh.

5. Keng ramane Raden Gathutkaca iku, kalebu kadang Pandhawa kang nomer ...

6. Wasite nyebul ... dawa, pratandha bal-balane wis rampung.

7. Tembang Gambuh, nduweni guru lagu ...

8. Dhek wingi Dinar kodanan, saiki ora mplebu sekolah jalaran ...

9. Rina krasa mules. Sing krasa mules, yaiku ...

10. Kang asmane Ki Narto Sabdo, Ki Anom Surata, lan Ki Manteb Sudarsono, iku kawentar minangka ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Wenehana tuladha peprenahan ing sawijining layang!

2. Bapak menyang Surabaya, mangkate dhek maw esuk.
    Ukara ing dhuwur gantinen nganggo krama inggil!

3. Yagene ajeg nindakake olahraga iku becik?

4. Kandhakno sawijining pengalamanmu kang njalari kowe ngguyu menawa kelingan!

5. Coba gawea tuladhane wasana basa sawijining layang!

Kunci Jawaban:

A.
1. Minggu Esuk 
2. Alun-alun kutha.
3. Persatuan guru olahraga sekecamatan.
4. Nyiapake sepedha
5. Aku ora sido ndherek olahraga menyang alun-alun amarga keturon ing sofa.

B. 
1. A
2. A
3. C
4. B
5. D
6. D
7. B
8. D
9. C
10, D
11. B
12. B
13. C
14. B
15. B

C. 
1. Raden Gathitkaca
2. gaman
3. mabur
4. ambegane
5. loro
6. sempritan
7. u, u, i, u, o
8. lara
9. wetenge
10, dhalang

D.
1. Keng putra/Kawicaksanaan guru
2. Bapak dhateng Surabaya, tindakipun kalawau enjing.
3. Amarga iline getih luwih lancar lan awak dadi luweh becik.
4. Kawicaksanaan guru
5. Mekaten ingkang saged kula aturaken.




Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...



No comments:

Post a Comment