Monday 10 April 2017

Soal Bahasa Jawa dan Kunci Jawaban Kelas 2 Semester 2: Kebudayaan

Soal Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2 Kebudayaan

A. Wacanen wacan iki banjur wangsulana pitakone!

                     Nanggap Wayang Kulit

Malem minggu wingi Pak Raden nyunatake putrane.
Olehe duwe gawe kanthi nanggap
wayang kulit sewengi natas.
Putane sing jenenge Danag iku
seneng wayang.
Jam wolu gamelane wis talu.
Lakone Gathutkaca Winisuda.
Swarane ki dhalang gandem, antawecanane cetha.
Dhalange kondhang ing kuthane.
Tamu sing jagong akeh banget.
Ing latar uga kebak wong nonton.
Tanto, Dwi, lan Beni olehe nonton
ana ngarep dhewe.

1. Apa sing ditanggap Pak Raden?

2. Pak Raden kagungan kersa apa?

3. Jam wolu gamelane talu?

4. Apa lakone peglaran wayang iku?

5. Sapa bae kancane Danang sing nonton wayang?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Wayang kulit nalika jejer ditancepake ing ...
    a. lemah
    b. debog
    c. kothak

2. Wayang kulit digawe saka kulit ...
    a. pitik
    b. kayu
    c. sapi

3. Mangkat gladhen mbeksa ora lali nggawa ...
    a. lenga
    b. sampur
    c. sandhal

4. Sanggar iku papan kanggo gladhen ...
    a. mbeksa
    b. pramuka
    c. bal-balan

5. Pawongan kang nglakokake wayang arane ...
    a. dhalang
    b. niyaga
    c. sinden

6. Pagelaran wayang sewengi natas.
    Sawengi natas tegese ...
    a. nganti sesuk bengi
    b. saben bengi
    c. bengi nagnti esuk

7.

    Iku gambar ...
    a. gong
    b. rebab
    c. kempul

8. Borobudur iku jeneng sawijining ...
    a. candhi
    b. kutha
    c. papan

9. Akeh kang padha sanja.
    Sanja tegese ...
    a. nonton
    b. tilik
    c. seneng

10. Candi Borobudur iku katon pideksa.
      Pideksa tegese ...
      a. gedhe
      b. gagah
      c. apik banget

11. Kang kalebu jinising kebudayaan yaiku ...
      a. gamelan
      b. sepedha
      c. motor

12. Suku Jawa asale saka Pulo ...
      a. Kalimantan
      b. Jawa
      c. Sulawesi

13. Gamelan kang digawe saka tulang yaiku ...
      a. kendhang
      b. gong
      c. kenong

14. Aku lan Mas Rian lungo nonton wayang kulit ... Gatotkaca Winisuda.
      a. paragane
      b. wiwitane
      c. takone

15. Kang kalebu piranti gamelan Jawa yaiku ...
      a. demung
      b. drum
      c. gitar

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!

1. Wayang kulit digawe saka ... sapi utawa kebo.

2. Sindhene anggone ... apik banget.

3. Saliyane tembang dolanan, ing tembang Jawa ana ...

4. Jamuran iku kalebu tembang ...

5. Kendhang diunekake kanthi cara ...

6.

     Iki arane ...

7.












     Anisa lagi ...

8.

    Bocah-bocah lagi dadi ...

9. Kang dianggo ngiringi wong mbeksa arane ...

10. Taman Budaya Jawa Tengah anane ing kutha ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Tulisen jinise gamelan kang kongerteni!

2. Bapakku sawijining niyaga.
    Tulisen ukara ing dhuwur nganggo aksara sambung!

3. Bapak teka nalika ibu wis turu.
    Kramakno ukara ing dhuwur!

4. Kandhakno kasenenganmu ing babagan kabudayaan!

5. Apa kang kongerteni babagan Gathutkaca, Arjuna, lan Kresna!

Kunci Jawaban :

A.
1.  Wayang kulit
2. Nyunatake putrane
3. Jam wolu
4. Gathutkaca winisuda
5. Tanto, Dwi, lan Beni

B.
1. B
2. C
3. B
4. A
5. A
6. C
7. B
8. A
9. B
10. B
11. A
12. B
13. A
14. C
15. A

C.
1. Lulang/Kulit
2. Nembang
3. Macapat
4. Dolanan
5. Dikeplak
6. Gong
7. Mbeksa
8. Niyaga
9. Gamelan
10. Surakarta

D.
1. Kendhang, kempul, saron, gender, gong, lan sapiturute (Kawicaksanaan guru)
2. Kawicaksanaan guru
3. Bapak rawuh rikala ibu sampun sare
4. Kawicaksanaan guru
5. Para paraga ing crita wayang/ Kawicaksanaan guru



Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...

No comments:

Post a Comment