Tuesday 18 April 2017

Soal Bahasa Jawa dan kunci Jawaban Kelas 4 Semester 2: Tumindak Tertib

A. Wacanen geguritan ing dhuwur iki banjur wangsulana pitakone!

                          Ibu Kartini
              Dening: Widya Prabandari













Rupane ayu merak ati
Lembut amerbawani
Kartini Ibu Negeri
Kartini pelopor emansipasi

Merga Ibu aku dadi maju
Merga Ibu aku duwe ilmu
Kartini Pahlawanku

Ibu Kartini putri sejati
Putri Indonesia arum asmane

Kanggo kanca-kancaku
Tuladhanen Ibu Kartini
Kita agungake asmane
Kita terusake perjuwangane

1. Sapa kang nganggit geguritan ing dhuwur?

2. Apa irah-irahan geguritan ing dhuwur?

3. Miturut geguritan iku, kepriye praenane Ibu Kartini?

4. Apa kang dirasakake panganggit minangka asil perjuwangane Ibu Kartini?

5. Apa welinge panganggit marang kanca-kanca?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Kedadean-kedadean ing ngisor iki amarga para warga kurang tertib nindakake peraturan, kejaba ...
    a. kacilakaan
    b. dalan macet
    c. kakisruhan
    d. kalancaran

2. Panganan ing ngisor iki digawe saka dhele, kajaba ...
    a. tahu
    b. tempe
    c. gethuk
    d. kecap

3. Balung kang ana ing sandhuwure endhas kidang arane ...
    a. gadhing
    b. cakar
    c. sungu
    d. lulang

4. Yen kebanjur sayekti kojur tan becik.
    Guru lagu lan guru wilangan saka cuwilan tembang ing dhuwur yaiku ...
    a. 10a
    b. 10i
    c. 12a
    d. 12i

5. Bahan kang diperlokake kanggo gawe kitiran saka kertas yaiku ...
    a. kawat
    b. wesi
    c. plastik
    d. banyu

6. Tembang kang ora kagolong macapat yaiku ...
    a. Megatruh
    b. Jamuran
    c. Gambuh
    d. Pocung

7. Tembung kang digunakake kanggo takon papan utawa panggonan yaiku ...
    a. ana pira
    b. kapan
    c. ngendi
    d. sapa

8. Sapa kang ngumbah klambimu wingi sore?
    Wangsulan kang bener ...
    a. Kang nyetrika klambiku adhik.
    b. Kang ndondomi klambiku ibu.
    c. Kang njait klambiku ibu, wingi esuk.
    d. Kang ngumbah kalmbiku wingi sore ibu.

9. Anggit telat anggone sekolah, mulane dheweke kena ukuman .
    Paukuman iku amarga ora manut ...
    a. dhawuhe kepala sekolah
    b. dhawuhe bapak ibu
    c. dhawuhe guru
    d. tata tertib

10. Umam   : "....."
      Anggid  : "Nalika bubar ngresiki kandhang aku lali ora nutup lawange."
      Pitakon kang trep kanggo pacelathon ing dhuwur, yaiku ...
      a. Sapa kang mlintheng manuk emprit?
      b. Yagene manuk emprit iku bisa mabur?
      c. Yagene manuk emprit iku mati?
      d. Kapan kowe mlintheng manuk emprit iku?

11. Wong kang tumindhak tertib bakal ngundhuh ...
      a. cilaka
      b. tiba
      c. slamet
      d. dosa

12. Yen micara karo wong kang luwih tuwa luwih becik nganggo basa ...
      a. krama
      b. manca
      c. ngoko
      d. basa Indonesia

13. Pra siswa wajibipun
      Kudu sregep nggone ngudi ngilmu
      Maca buku nggarap tugas ora lali
      Sekolahe ora mblurut
      Gegayuhan bisa klakon
   
      Wacan ing dhuwur kalebu ...
      a. geguritan
      b. klenengan
      c. tembang macapat
      d. wangsalan

14. Kitiran bisane mubeng menawa kena ...
      a. angin
      b. banyu
      c. geni
      d. diobahake

15. Dhuh Gusti, srengenge wus sumunar.
      Ana ing gunung etan
      Iki wancine aku mlaku
      Sekolah gayuh ilmu
   
      Pethilan geguritan ing dhuwur nandhakake wanci ...
      a. wengi
      b. esuk
      c. subuh
      d. magrib

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!

1. Takon babagan wayah migunakake tembung ...

2. Kendharaan ing dalan akeh banget, kabeh rebut dhisik, malah dadike ora padha bisa mlaku. Kahanan iku diarani ...

3. Siyung duweke gajah diarani ...

4. Mripate ibu kena bledug.
    Tembung mripate ora trep, benere ...

5. Tembung "pira" digunakake kanggo takon ...

6. Guru lagu iku tibaning ... ing pungkasaning gatra.

7. Bocah gemi tegese sregep ...
 
8. Tembang kang paugerane 7u, 10u, 12i, 8u, 8o yaiku ...

9. Tukang bebedhag iku pegaweane ...

10. Pawongan kang pegaweane ngethoki kayu arane ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Gatekno tembang ing ngisor iki!
    Ana pocapanipun
    adiguna adigang adigung
    pan adigang kidang adigung pan esthi
    adiguna ula iku
    Telu pisan mati sampyoh

    Miturut paugeran, apa arane tembang ing dhuwur?

2. Tukang kayu iku banjur nggendhong bangke kidang!
    Apa tegese nggendhong?

3. Apa pikolehe bocah sekolah kang nerak aturan sekolah?

4. Budhe lunga menyang pasar numpak andhong.
    Ukara ing dhuwur gawenen basa krama alus!

5. Gawea ukara nganggo tembung diwenehi!


Kunci Jawaban:

A.
1. Widya Prabandari
2. Ibu Kartini
3. Ayu Merbawani
4. Panganggit saiki bisa maju lan duwe ilmu
5. Panganggit lan kanca-kancane kudu tansah nuladha Ibu Kartini, tansah ngagungake asmane, lan nerusake perjuwangane.

B. 
1. D
2. C
3. C
4. D
5. A
6. B
7. C
8. D
9. D
10. B
11. C
12. A
13. C
14. A
15. B

C.
1. kapan
2. macet
3. gadhing
4. paningale
5. cacah
6. swara
7. nyelengi
8. gambuh
9. golek kewan ing alas
10. blandhong

D. 
1. Gambuh
2. Nggawa kanthi diselehake ing geger.
3. Bisa oleh paukuman
4. Budhe tindak peken nitih andhong.
5. Joko bungah banget atine amarga diwenehi pelem dening Budi. (Kawicaksanaan guru)


Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...



No comments:

Post a Comment