Tuesday 11 April 2017

Soal Bahasa Jawa Kelas 2 Semester 2: Lingkungan

A.  Wacanen wacan iki banjur wangsulana pitakone!

                                                Ajisaka

Ajisaka kuwi wong kang sekti.
Ajisaka duwe abdi loro, arane Dora lan Sembada.
Sawijining dina, Ajisaka mlaku nganti teka ing sawijining papan.
Papan kuwi arane Kraton Medhang Kamulan.
Rajane aran Dewatacengkar.
Dewatacengkar awujud raseksa.
Senengane mangan daging manungsa.
Ajisaka ora trimo karo tumindake Dewatacengkar.
Dewatacengkar bisa diasorake
Ajisaka diangkat dadi raja ana ing Medhang Kamulan.

Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!

1. Apa irah-irahan crita ing dhuwur?

2. Sapa jenenge abdine Ajisaka?

3. Dewatacengkar raja ing ngendi?

4. Yagene Ajisaka ora trima marang tumindake Dewatacengkar?

5. Kepriye wujude Dewatacengkar?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Kerja bakti ditindakake kanthi ...
    a. bebarengan
    b. dhewe-dhewe
    c. dhisik-dhisikan

2. Desa pelosok yaiku ...
    a. desa kang rame
    b. para wargane mlarat
    c. adoh saka dalan gedhe

3. Papan resik lan temata, dipanggoni krasa ...
    a. panas
    b. adhem
    c. penak

4. Adi sengkut makaryo.
    Sengkut padha karo ...
    a. gela
    b. tenanan
    c. sakepenake

5. Papan kang ana wit-witane krasa ...
    a. panas
    b. gerah
    c. edhum

6. Sawise disapu, latare dadi ...
    a. jembar
    b. padhang
    c. resik

7. Pak Trisna mocoki pang kembang nganggo ...
    a. sapu
    b. arit
    c. linggis

8. Karo tangga teparo kudu tansah ...
    a. rukun
    b. ora kenal
    c. memungsuhan

9. Ing pegunungan hawane krasa ...
    a. ayem
    b. sumuk
    c. seger

10. Tandurane ijo royo-royo nandhakake menawa ...
      a. ameh awoh
      b. mangsa panen
      c. subur

11.









      Sari lagi ...
      a. mangsak
      b. ngumbahi
      c. asah-asah

12. Klambine ... supaya alus.
      a. disetrika
      b. dikumbah
      c. dipepe

13. Kuaci iku isi ...
      a. melon
      b. semangka
      c. pelem

14. Jambu abang akeh ngandhut vitamin ...
      a. A
      b. B
      c. C

15. Ngresiki meja nganggo ...
      a. arit
      b. sapu
      c. sulak

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!

1. Dalan kang akeh lumute dadi ...

2. Kacang, semangka, lan timun kalebu jinise ...

3. Piranti kanggo ngresiki latar yaiku ...

4. Papan kanggo nandur pari arane ...

5. Anak kebo arane ...

6. Wong kang penggaweane adol tinuku kewan arane ...

7. Kerja bakti ditindakake kanthi ...

8. Supaya sehat lan endah kudu njaga ... lingkungan.

9. Isi randhu arane ...

10. Dewatacengkar nata ing ... 

D. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!

1. Piknik menyang Tawangmangu.
    Tulisen nganggo aksara sambung!

2. Cilik cekli lan asri
    ora tau sepi
    cet biru ing iringan
    nambahi endahe sesawangan
    omahku kang asri
    tansah dakkangeni
    saben asri

    Apa irah-irahan kang trep kanggo geguritan ing dhuwur?

3. Critakno pengalamanmu mlebu sekolah kang sepisanan!

4. Tanduran apa wae kang bisa ditandur ing pategalan?

5. Ibu menyang pasar.
    Kramakno ukara ing dhuwur!

Kunci Jawaban:

A.
1. 
2.
3.
4.
5.

B. 
1. A
2. C
3. C
4. B
5. B
6. C
7. C
8. A
9. C
10. C
11. B
12. A
13. B
14. C
15. C

C.
1. lunyu
2. pala kasimpar
3. sapu sada
4. sawah
5. gudel
6. blantik
7. gotong royong
8. karesikan
9. klentheng
10. Medhang Kamulan

D. 
1. Kawicaksanaan guru
2. Omahku (Kawicaksanaan guru)
3. Kawicaksanaan guru
4. Jagung, pohung, tela, lombok, lan sapiturute
5. Ibu tindak peken




Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...


No comments:

Post a Comment