Monday 10 April 2017

Soal Bahasa Jawa dan Kunci Jawaban Kelas 2 Semester 2: Kasenengan

A. Wacanen wacan iki banjur wangsulana pitakone!


                    Kasenengane Artika
                        Dening Palupi

Aku duwe kanca jenenge Artika
Bocahe sekelas karo aku
Dheweke duwe kasenengan nggambar
Ing saben lomba dheweke mesthi etuk hadhiah
Sok-sok malah dadi juwarane
Artika duwe akeh piala
saka asil olehe lomba nggambar
Piala-piala iku diwadahi ana lemari

1. Sapa kang dicritakake ing wacan dhuwur iku?

2. Apa kang dadi kasenengane?

3. Yagene dheweke duwe piala akeh?

4. Diwenehi ana ngendi pialane?

5. Sing crita iku kaprenah apane Artika?

B. Wenehana tandha ping sangarepe wangsulan kang bener!

1. Turu angler padha karo ...
    a. ngantuk
    b. liyer-liyer
    c. turu kepati

2. Dian diparingi roti lapis pira wae mesthi entek.
    Kasenengane Dian yaiku ...
    a. roti lapis
    b. mangan
    c. es

3. Ukara kang ngandhakake pengalaman yaiku ...
    a. Aku kepingin dadi dhokter
    b. Sasi wingi aku melu lomba
    c. Aku arep dipundhutake sepedha

4. Dian durung prigel ngepit.
    Mlakune oleng, Dian arep ...
    a. lara
    b. tiba
    c. mlayu

5. Bapak nggujengi sepedhane.
    Nggujengi padha karo ...
    a. nyekel
    b. ngguyu
    c. numpak

6. Rian ditumbasake sepedha atine krasa ...
    a. susah
    b. seneng
    c. gela

7. Andika entuk piala amarga dadi ...
    a. katua
    b. tuladha
    c. juwara

8. Anak kodhok arane ...
    a. precil
    b. bangkong
    c. keyong

9. Kodhoke pada muni kanthi saut-sautan.
    Kodhoke padha ...
    a. nembang
    b. ngorek
    c. padu

10.












      Artika lagi ...
      a. nembang
      b. nggambar
      c. nyapu

11. Dira kepingin bisa ngepit.
      Dira kudu sregep ...
      a. nonton wong ngepit
      b. nuntun pit
      c. ajar ngepit

12. Lampune kencar-kencar sanajan bengi dadi ...
      a. padhang
      b. petheng
      c. ora kethok

13. Anak kudu ... marang wong tuwa.
      a. wani
      b. nggugu
      c. ngguyu

14. Kang kalebu pengalamane kanca yaiku ...
      a. Dhek wingi aku mancing
      b. Dhek Minggu aku menyang omahe Santi
      c. Dhek Minggu Santi nandur kembang

15. Sakdurunge dolan kudu ... marang wong tuwa.
      a. pamit
      b. ndelik
      c. meneng wae

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!

1. Carane kodhok mlaku yaiku ...

2. Papan uripe kodhok ana ...

3. Rasane ati menawa etuh hadhiyah ...

4. Kanca kang tiba kudu ...

5. Wayah esuk, manuke padha ...

6. Papan among tani padha makarya arane ...

7.










    Ibu lagi gawe ...

8. Anak manuk arane ...

9. Matur marang ibu kudu nganggo basa ...

10. Tembung kanggo wicara kudu milih sing ...

D. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!

1. Gawea ukara isinge ngandhakake kasenengane kancamu!

2. Gawea ukara kang ngandhakake kasenenganmu!

3. Dini tuku buku.
    Tulisen nganggo aksara jejeg sambung!

4. Ibu menyang Jakarta numpak sepur.
    Kramakna ukara ing dhuwur!

5. Gawea ukara saka tembung ing ngisor iki!
    a. Nandur kembang
    b. Nggambar

Kunci Jawaban:

A.
1. Artika
2. Nggambar
3. Amarga karep melu lomba lan kasil dadi juwara
4. Diwadhahi lemari
5. Kancane

B.
1. C
2. A
3. B
4. B
5. A
6. B
7. C
8. A
9. B
10. B
11. C
12. A
13. B
14. C
15. A

 C.
1. mencolot
2. banyu lan dharat
3. seneng/bungah
4. ditulungi
5. ngoceh
6. sawah/tegal/kebon
7. roti
8. piyek
9. krama
10. sopan

D.
1. Dian mangan roti ora mandheg-mandheg/Kawicaksanaan guru
2. Kacang goreng iku panganan kasenenganku/ Kawicaksanaan guru
3. Kawiaksanaan guru
4. Ibu tindhak Jakarta nitih kereta
5. Kawicaksanaan guru



Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...

No comments:

Post a Comment