Wednesday 19 April 2017

Soal Ulangan Harian dan Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 4 Semester 2: Pertanian

A. Wacanen wacan ing ngisor iki, banjur wangsulana pitakone!

Werkudara


       Pandhawa kaping pindo pinaringan asma Raden Werkudara. Raden Werkudara iku ora liya putrane Prabu Pandhu Dewanata saka Ibu Kunthi Talibrata. Raden Werkudara sinebut satriya Panenggak Pandhawa. Nalika gedhe, dheweke duwe papan kasatriyan ana Jodhipati.
        Nalika iku Dewi Kunthi ngenggar-enggar penggalih karo nggendhong Werkudara kang isih bayi. Dumadakan ana macan gedhe kang mlumpat saka suwalike grumbul. Macan iku arep mangsa Dewi Kunthi lan Werkudara. Dewi Kunthi kaget banget, nganti Werkudara mrucut saka gendhongan. Werkudara kang isih bayi  lan tiba menyang watu gilang kang gedhe banget.
          Mesthi bae Dewi Kunthi banjur nangis amarga mbayangke mesthi putrane kelaran nemahi kang kaya mangkono iku. Kasuyatane bayi Werkudara tetep santosa, malah watu gilang iku ajur mumur dadi sawalang-walang. Bayi Werkudara gereng-gereng nggegirisi amarga tiba saka gendhongan. Macan gedhe maw ora sida mangsa Dewi Kunthi lan Werkudara nanging malah mlayu sipat kuping.
         Werkudara satriya kang sugih kasekten amarga pancen seneng ngudi ilmu lan gentur tapane. Aji-ajine aran aji Bandhungbandawasa, Blabag Pangantol-antol lan Wungkal Bener. Gegamane kang kondhang, yaiku Gada Rujakpolo lan Kuku Pancanaka, Werkudara, ora gelem basa karo sapa wae, kajaba marang Dewi Runci. Werkudara duwe pawakan gedhe dhuwur pideksa, senajan mengkono dheweke seneng tetulung marang sapadha-padha lan seneng mbela kang bener.

1. Sapa sejatine raden Werkudara iku?

2. Nalika isih bayi Werkudara tau tiba saka gendhongan, apa jalarane?

3. Apa kang jalarani Dewi Kunthi nangis nalika Wekudara tumiba menyang watu gilang?

4. Apa jalarane macan ora sida mangsa Dewi Kunthi?

5.Apa wewatake Werkudara sing bisa kinuladha?

B. Isenana ceceg-ceceg jng ngisor iki nganggo tembung kang mathuk!

1. Menawa ara mlebu sekola kudu gawe...
    a. PR
    b. tugas
    c. layang pamit
    d. ulem

2. Sing sepisan ditidadkake nalika mara tamu iku kudu ...dhisik
    a. uluk salam
    b. pamitan
    c. katurake karepe
    d. nyumanggakake

3. Ing ngisor iki kang ora kalebu Pandhawa yaiku ...
    a. Puntadewa
    b. Werkudhara
    c. Janaka
    d. Kresna

4. Mekaten atur kula mugiya anda dosna kawigatenan panjenengan.
    Perangan layang ing dhuwur iki, diarani ...
    a. adangiyah
    b. pambuka
    c. surasa basa
    d. wasana basa

5. Kang nglakokake lan nyritakake wayang kulit arane ...
    a. dhalang
    b. mantri
    c. niyaga
    d. waranggana

6. Katur
    Ibu Wali Kelas IV
    SD Negeri Karaban 03
    Perangan layang ing dhuwur iku, arane ...
    a. titimangsa
    b. adangiyah
    c. tapak asma
    d. peprenah

7. Tapak asma tegese ...
    a. isine tandha tangan sing ngirim layang
    b. jenenge sing ngirim layang
    c. nuduhake prenahe sapa sing ngirim layang marang sing dikirim
    d. negmot panyuwunan kang ana gegayuhan karo suraosing layang

8. Kang kalebu tanduran empon-empon yaiku ...
    a. dhele
    b. jagung
    c. pohung
    d. jahe

9. Amarga kebak suket, sawahe ... para tani.
    a. diwatun
    b. diluku
    c. dirabuk
    d. dipanen

10. Supaya ora kepanasen, pak tani ngagem ... sing dianyam saka pring.
      a. caping
      b. krudung
      c. tumbu
      d. topi

11. Kang kalebu purwaka sawijining layang, yaiku ...
      a. Katur Bapak Guru Kelas IV SDN 3 Bejen
      b. Karaban, 1 April 2017
      c. Kanthi serat punika kula ngaturi priksa bilih dinten punika, Setu, 1 April 2017, kula Endang
          Purwanti mboten saged mlebet sekolah amargi nandhang sakit.
      d. Nuwun, kanthi serat punika kula ngaturi priksa bilih ...

12. Roni cuwa banget, amarga tandure bapake dipangan manuk.
      Cuwa tegese ...
      a. seneng
      b. bungah
      c. gela
      d. nelangsa

13. Wingi sore budhe telpun. Sesuk sore aku didhawuhi sowan, saperlu ngrewangi ngirim priyayi kang nggarap sawah. Mas Catur putrane, sing biasane kajibah ngirim sesuk arep piknik sekolahan. Mula sawise bali sekolah aku enggal menyang daleme budhe.

     Watake bocah kang ana ing phetikan wacan ing dhuwur, yaiku ...
      a. mituhu marang wong tuwa
      b. sak karepe dhewe
      c. sregep resik-resik omah
      d. gemi lan setiti

14. Dhele kang arep digawe tahu dipilih, dipisahake saka ...
      a. kulite
      b. regedane
      c. banyune
      d. gedhe cilike

15. Lik Saidi tuku pitik ing pasar.
      Tembung tuku kramane ...
       a. nyade
       b. nyambut
       c. mundhut
       d. nyileh

C. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki!

1. Kang aran satriya panenggake Pandhawa yaiku ...

2. Pusakane Raden Werkudara yaiku ...

3. Sanajanta sekti mandraguna, para Pandhawa padha ...

4. Aksara Jawa cacahe ana ...

5. Tanggal ditulise layang iku arane ...

6. Nalika gawe layang pamit becike nggunakake basa ...

7. Irunge Adi meler jalaran wingi udan-udan. Adi nandhang ...

8. Rikmane Eyang sampun putih.
    Tembung putih becike diganti ...

9. Bapak remen ngunjuk nasgithel.
    Tembung remen iku tegese ...

10. Nakula lan Sadewa iku laire bareng, dadi diarani bocah ...

D. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Sapa bae sing diarani Pandhawa iku?

2. Apa ancase siswa gawe lan ngaturake layang pamit marang guru?

3. Aranana tetanduran cacah lima bae kang bisa ditandur ing tegal!

4. Kramakna inggil ukara ing ngisor!
    Mas Dino maca koran lan ngombe kopi saben esuk.

5. Aranana piranti kang bisa kanggo nggarap sawah!

Kunci Jawaban:

A.
1. Raden Werkudhara sejatine yaiku putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi Talibrata kang duweni kasatriyan ana Jodhipati.
2. Amarga ana macan gedhe kang mlumpat saka suwalike grumbul kang njalari Dewi Kunthi kaget nganthi Werkudara ucul saka gendhongan.
3. Merga Dewi Kunthi wis bayangake Werkudhara bakal kelaran.
4. Jalaran mangerteni watu gilang dadi ajur lan keprungu tangise Wekudhara kang gereng-gereng lan nggegirisi
5. Watake kang bisa tinuladha yaiku seneng tetulung marang sapadha-padha lan seneng mbela kang bener

B.
1. C
2. A
3. D
4. D
5. A
6. B
7. A
8. D
9. A
10. A
11. D
12. C
13. A
14. B
15. C

C.
1. Raden Werdukara
2. Gada Rujakpolo lan Kuku Pancanaka
3. mbekti marang rama ibune
4. 20
5. titi mangsa
6. krama inggul
7. pilek
8. pethak
9. seneng
10. kembar

D.
1. Puntadewa, Werkudara, Janaka, Nakula, lan Sadewa.
2. Kanggo ngabarake menawa siswa arep pamit ora bisa melu piwulangan.
3. Dhele, pohung, jagung, wijen.
4. Mas Dino maos ariwarti saha ngunjuk kopi saben enjing.
5. Pacul, luku, garu, traktor.




Terima Kasih... Semoga Bermanfaat...



No comments:

Post a Comment